KEGIATAN BINTALSIK SMK CANDA BHIRAWA

NAMA : ANDIKA KARISMA PUTRA
ABSEN : 20
KELAS :X TPM I


Tanggal 24 Agustus Sekolah ku ngadakne acara bintalsik(bimbingan mental dan sikap) 

Dino pelaksanaan tabggal 24 Agustus Kamis jam 06.30 kabeh siswa smk canda bhirawa jurusan tpm 1-5 podo ngelumpuk dek lapangan sekolah gae ngelaksanane upacara pemberian siswa cb ndek brigif wira yuda mari upacara kabeh siswa di bubarne terus kabeh siswa podo salim neng bapak ibu guru lan wong tua njaluk doa restu sakwise salaman para siswa pada numpak truk brigif terus persiapan budal nek markas wira yuda panggonane ning gunung klotok kediri 

Sak suwene ning perjalanan akhir e para siswa wis teko ning markas wira yuda kabeh siswa modok teko truk sakwise di di kongkon kumpul ning aula di wei teori lan materi bar kui siswa di bubarne kabeh siswa dikongkon nek barak deleh tas kambek ganti klambi olahraga sakwise salin kebeh ngelumpok ning lapangan bahas tentang sikap sempurna lan sikap penghormatan pas latian iku akeh sing salah akhire di kon sikap pleng, rayap, rayap punggung, lan gulung-gulung 

Mari kui di kongkon cepot sepatu terus di kongkon mlayu ngetan nggawe sepatu raoleh telat sing telat pipine di tapok nggano sandal akhire wayah sholat dhuhur kabeh di kongkon balek ndek barak kanggo salin klambi pramuka sakwise salin di kongkon ngelumpok ning ngarep garasi trus budal sholat kudu baris pas baris iku ra kompak blas akhire di kongkon latian ning lapangan bar latian trus mangan sego nyemek utawa sego banyu 

Pas bengi di kongkon turu, jek tas ae turu wis di kongkon tangi salin klambi olahraga trus ngumpul ning ngarep e garasi di gae jelajah ning alas, pas ning alas iku enek seng ngedeni sakwise teko di kongkon nyanyi lagu indonesia raya bar nyanyi di kon turu ben subuh iso tangi. 


Dino ke 2 isuk e di kongkon senam bar senam terus sarapan, bar sarapan kegiatane di kongkon munggah maneh di warai dadi tentara wajah e kabeh di warna ijo lan ireng bar macak akhir budal munggah alas (survival) sakwise teko ning brigif kabeh di kongkon ados bareng-bareng. 

Bengi ne di wei materi, aku keturon terus pas tangi tibak e acarane uwis bar akhire aku di guyang banyu bar di guyang di kon ning lapangan gae mencolot" Bar mrncolot- mencolot dihukum ngeresik i garasi trus pas wes lanjut turu. 

Dino ke 3 wayah e munggah maneh di gae ngelewati rintangan sakwise leren barono di kongkon ning lapangan gae lomba hukumane sing kalah mangan tanduran pait akhire wes mari trus persiapan muleh ning smk canda bhirawa Pas teko ngelakoni upacara penerimaan krmbali peserta acar bintalsik ning smk canda bhirswa trus mulih ning omah

Komentar